Rock It! Ustadz Jeffry al Bukhari alias Udje maring Banjarnegara gan...
Ayo pada melu mangkat ngrungokna tausiahe ora ketang sedela neng Pendopo Kabupaten mengko awan jam 10an.
Acara sing diselenggarakan Pemda bekerjasama karo Katraco dalam rangka Pengajian akbar karo tahun baru Islam 1433 H kie gratis alias ora ana biaya apa2 gan.mulane ayo pada mangkat, sekali-sekali penyegaran jiwa lho.nimbang mikir masalah negara sing ora ana rampunge, nimbang ngrungokna kabar sing marai sedih tur akeh sing ra genah benere.....
sing jelas, mayo pada golet manfaate tur jelas pahalane......
Update berita gan :
sekang sumber sing sangat terpercaya, pas acara ribuan orang pada meng pendopo nganti kebek sumpek nggo ngrungokna tausiah Uje.
neng pengajian kue ya dilantik Pengurus Dewan Pwerwakilan Cabang (DPC) Syarikat Islam (SI) Banjarnegara oleh DPP Pusat Syarikat Islam neng Pendopo Dipayudha
Neng njerone tausiah Ustazd Jefri njaluk jamaah pengajian senantiasa ndingkluk alias nyawang ngisor. Sebab angger kaya kue, bisa ngrasakna nikmat lan bisa lewih ngunjukna syukur maring Allah SWT.
0 komentar:
Post a Comment