Rock It! Kabeh apa wis pada ngerti nek neng karesidenan Banyumas ana 4 nggon sentra batik ? ora kabean mbok ??
Kaya kiye kang, yu, neng wilayah Karesidenan Banyumas kue ana 4 nggon sentra betik. yakue Kecamatan Sokaraja l, Kabupaten Banyumas, Bobotsari (Purbalingga), Maos (Cilacap), trus sing neng Banjarnegara yakue Gumelem.
Nah sekang 4 nggon kue, cirine meh pada bae yakue warnane lewih tuwa, liyane kue Batik Banyumas sekang corake, isiane sing bentuke godhong lewih amba tur kalem dibanding batik Pekalongan sing cenderung lurus tur kaku.
nah sejarahe kaya kie kira-kira wa, Batik Banyumas sing pusate neng daerah Sokaraja kue digawa dening pengikute Pangeran Diponegero rampunge perang tahun 1830. Pengikut sing terkenal wektu kue antarane Najendra. Nah wong kue sing ngembangaken batik celup Sokaraja.
Bahan kanggo nggawe batik yaiku mori gawean tenunan dewek. Obat pewarnane sekang wit tom, wit pace, karo mengkudu sing marai metu warna abang kekuningan.
Neng perkembanganne, batik mleber-mleber sekang Sokaraja. Ora mung kue, akhir abad ke-19, perajin batik banyumasan nggawe hubungan apik karo pembatik Solo lan Ponorogo. Batik Banyumas akhire dadi terkenal mergane motif lan warna khususe sing khas banget Banyumas, beda karo Solo sing madan kekuningan, Pekalongan sing warnane cenderung cerah, lan batik madura sing corake cilik-cilik banget.
Batik gumelem Banjarnegara,
budaya Batik Gumelem diturunaken lintas generasi. Tapi sewise tahun 1965, batik suwe-suwe madan surup bebarengan karo pengaruh zaman kademangan sing mulai luntur. Sing jelas, akibate pengrajin batik mulai gulung tikar njur genti penggawean.
Tapi, mulai 3 tahunan kiye, batik gumelem mulai mumbul maning. kue akibat sekang kebijakan pemerintah sing mewajibkan pegawai negeri nganggoni batik saben dina Rebo, Kemis, Jemuah (angger ana rapat) karo dina sebtu. Nah siki imbase, neng gumelem muncul maning pengrajin-pengrajin batik.
Ana sekitar 24 perajin batik asli Gumelem mulai tekun maning nggo dadi pokok pekerjaan. Akehe sekang warga Dusun Dagaran, Desa Gumelem Wetan, Kecamatan Susukan, Banjarnegara.

Nek rika pada arep golet batik Gumelem, Perajin batik tulis ora mung ana neng Gumelem Wetan. Neng Desa Gumelem Kulon lan Penarusan ya ana sekitar 20 perajin. Perajin-perajin kue terbiasa nglayani pesanan sekang kolektor luar apa dalam kota.
nah batik Gumelem kue contone kaya kiye gan :
Sumber : pirang-pirang wa....
2 komentar:
lebih lanjut : www.batikgumelem.net
kami juga sedang mengembangkan wisata batik gumelem, mohon bantuannya ya..
suwun
www.paradiso-tour.com
Post a Comment