Rock It! Tanggal 14 September 2011 wingi, Kab. banjarnegara ana hajatan meriah banget. Peringatan Haornas sing ping XXVIII, sing pusate neng alun-alun Banjarnegara. rame pisan yakin.
Seliane kue ana lomba gerak jalan gayeng sing dipeloni kabeh lapisan masyarakat. sekang sing tuwa teakn sing nom, sekang sing pegawe tekan sing bocah sekolah. pokoke guyub rukun keton banget neng kene. Pemda Banjarnegara ngetokna akeh banget tim gerak jalan. kue bisa dimaklumi wong kabeh SKPD alias kabeh kantor metu minimal se tim. Ana lho tim sing rubes dewek, ana sing ra mentingna menang sing penting reang, ana sing mung melu-melu tok, ana sing niat banget nganti nyewa kostum. pokoke rame pisan lah.
muga-muga sih anane kegiatan kaya kie, sing nganti diparani pak Gubernur Bibit Waluyo, bisa ngangkat jeneng Kota Banjarnegara tercinta kiye ben tambah gayeng temenan tur ora ketinggalan maning dibandingna kota-kota liane neng jawa tengah
4 komentar:
ada yang kasian pak.anak SD malah berangkat paling terakhir.padahal yang tentara dan satpam berangkatnya lebih pagi.panitianya kurang teliti tuh
rame temenan kuwe, jen ora bisa ndeleng, untunge ana britane nang kene kena nggo tamba kangen karo mbanjar, matur suwun
setuju karo nduwurku, jan ra bisa bali nonton ka lah...nganti kangen banget mbanjarnegara.oya mas, blog kiye dirumat ya, aja nganti ilang soale aku nembe nemu blog ngapak ya kiye.kangen ngomong ngapak mas, meskipun mung lewat tulisan.neng semarang mbandek terus kesel ilate :D
hahaha masa DPPKAD dijadikan tim paling rubes mas ? anda ada ada saja lho
Post a Comment