Rock It! Pak Fauzan A Mahanani, S.Pd, guru SMK Darunnajah Banjarmangu berhasil dadi Juara I neng "Lomba Media Pembelajaran Interaktif dan Blog Guru Tingkat Provinsi Jawa Tengah" sedulur-sedulur....
Pak Fauzan dalam hitam dan putih :D |
Eit mengko disit sedulur...ana maning, ana Sarastiana, S.Pd (guru SMK Panca Bhakti ya melu dadi juara 3), mung kalah tipis sekang juara 2ne Karno, S.Kom sekang Wonogiri.
Bangga banget mbok ? apamaning beliau -beliau sering melu ngumpul karo warga komunitas blogger mbanjar neng Warkopenyonk, dadi kepruiwe kaya kue....secara pribadi si nyonk ya pengen dadi kaya senior-senior kue....
Lomba blog pendidikan kie dibagi dadi 4 kategori, yakue :
Lomba Blog/Web Sekolah Jenjang Dikmen lan Jenjang Dikdas, Lomba Blog Guru Jenjang Dikmen lan Jenjang Dikdas.
Jane ana maning sedulur, ana Amin Mungamar (Mr. Mung) sing mel dadi Juara 3 tingkat Pendidikan Dasar. Tapi Mas Mung Kie siki mulang neng SMPN 1 Kaliwungu trus nduwe umah neng Kaliwungu, Kab. Semarang dadine ora kedaftar mewakili Banjarnegara. Mas Mung kue asline jenenge Amin Mungamar asale Banjarnegara, tepate desa Kincang Rt 01 Rw 01 Kec. Rakit, Kab. Banjarnegara.
Final Lomba sing diselenggarakan Balai Pengembangan Teknologi Informasi dan Komunikasi Pendidikan (BPTIKP) Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Tengah kie berlangsung neng Semarang tanggal 19-20 September 2011.
Kie sing dipresentasikna pas lomba wingi :
Fauzan A Mahanani, S.Pd : judul blog “Belajar Elektronika” alamate neng http://fauzan.smkdarunnajah.sch.id
Sedang Sarastiana, S.Pd : judul blog “Guru Go Blog Pasti Bisa” alamate neng http://sarastiana.com.
Oya nek arep meng akun FB ne kie :
8 komentar:
nyong paling tua ya..... :)
fotone hitam putih koh :nohope:
hehe... iya nich, msh berjuang di kota lain, msh menimba ilmu dan pengalaman sebanyak2nya buat sangu nanti kalau sudah saatnya pulang banjar.
selamat kepada para pemenang kontes blogger yang telah mengharumkan nama Banjarnegara.semoga itu akan menjadi inspirasi bagi generasi dan blogger-blogger selanjutnya.
melu ngucapna selamat lah...marai kepengen bisa kaya mastah2 kue jyah..
sing paling tuwa ye jelas enyong lah Yan...wis 40taun he.....
@pak Fauzan : waw...lakone teka....matur nuwun kersa mampir pak...
@ganjar : hehehe..ny nemu neng FB kue gan
@Mr Mung : hidup mbanjar !!!!
@DPPKAD : wah pak PNS tekan kene...
@ngatmow : lah tiru-tiru tok rika...hahaha....
@pak saras : wahhh matur nuwun rawuhipun pak saras...usia mboten masalah sing penting guyup rukun hehehe
Post a Comment