Rock It!
Dina iki PT Katraco Putra Selaras, sing lewih dikenal Katraco bae, bagi-bagi Sembako kanggo masyarakat kurang mampu neng Banjarnegara.
Acara sing digelar neng kantor pusat Katraco, Jl. Dipayuda No. 15 kiye dilaksanakaken saben tahun pas wulan Romadhon.
Saking antusiase masyarakat, mau sebagian Jl. Dipayuda (sing sebelah kulone Katraco utawa ngarep Dindukcapil) nganti ditutup pihak Polres Banjarnegara. Tujuane ben dalan kue nggo pranti antrian masyarakat sing arep njukut sembako kue.
Pas pelaksanaane, masyarakat bisa nggawe kondisi relatif lewih lancar tur tertib. Ora kaya sing neng tivi kae, medeni....
Janjane nyonk dadi mikir gan, angger kabeh PT, kantor, Perusahaan lan wong-wong sugih pada kaya kue ora mung pas Romadhon bae, empere persatuan dan kesatuan masyarakat Banjarnegara tambah raket lho. mergane antarane sing "gedhe" karo sing "cilik" dadi sering ketemu, nguda rasa sing imbase dadi pada-pada ngerti kondisi situasi siji karo sijine.
oya mumpung wis arep badhan :
......minal aidzin wal faizin, ngaturaken sedaya kalepatan kawula nyuwun pangapunten......
0 komentar:
Post a Comment