Rock It!
Kanggo melu mriahaken HUT Korpri sing ping-41, Pemerintah Kabupaten Banjarnegara nggelar “Gebyar Pesona Citra Batik Banjarnegara” sisan kanggo promosi karo "nguripaken maning" kecintaan maring produk lokal sing mulai ilang, Batik Gumelem Banjarnegara.
Kegiatan sing digelar neng pendopo kabupaten tanggal 1 Desember 2012 wingi olih apresiasi sing lumayan sekang masyarakat Banjarnegara sekang kabeh lapisan. Jajal bae, neng pagelaran sing diresmikaken bapak wakil bupati Banjarnegara H. Hadi Supeno kue, lomba dibagi dadi 2 kategori yakue kategori A (Kepala Dinas) sing melu 93 orang, kategori B (Karyawan dan karyawati) sing mangkat 150 orang, dadi totale peserta nganti 243 wong !
Hasile, tim juri mutusaken peserta Nomor undi 17 yakuwe H. Wawang A. Wahyudi sekang Inspektorat Kabupaten Banjarnegara dadi juara I kanggo kategori A. Juara II ne pak H. Eko Djuniadi sekang Dindukcapil terus III ne Djoharti sekang UPT. Dindikpora Kecamatan Rakit. Nek sing kanggo peserta kategori B putra juara I direbut pak Suyitno sekang Bagian Umum Setda Banjarnegara, juara II Lulus Awaludin Fatlulloh sekang Dinhubbun, karo juara III Sudaryo sekang Dinhubpar Banjarnegara.
Nek neng bagian putri sing menang dadi juara I ne disabet Nian Susanti perwakilan sekang Bayangkari, juara II Erlinah sekang Bagian Organisasi Setda karo juara III disaut Diah Ayu Pramono dari Bagian Pemerintahan Desa Setda Banjarnegara.
Juara kategori Fotogenik jebule bisa direbut Tyas Agustiningsih (DPPKAD Banjarnegara), ora kenal ? nek Tyas atlet voli pantai Indonesia rika njur kenal ? nek rika tetep ra kenal jan payah....ra gaul kang !!
Kiye tek wei beberapa gambar dokumentasiane ya :
oya angger kepengin niliki hasil jepretane nyonk liane jajal bukak bae neng KENE, aja nganti ora ya !!!
2 komentar:
mantab pisan kang...marai kangen ngumah geh....
batike mbanjar jane ya apik2 ya kang...dadi kangen karo mbanjar, kampunge inyong geh..lam knal kang
Post a Comment