Siji maning profil sing perlu tek angkat neng kene.
Jenenge Pak Paing...seringe diundang kaki Paing.
sapa kue kaki paing ?
Kaki Paing, sing ndue jeneng asli Nurjiantoro kue pengusaha persewaan diesel, tenda, tratag lan sapanunggalane sekang Banjengan Mandiraja.
Kenangapa tek angkat dadi profil of the week ??
ceritane kaya kie...
Kaki Paing dudu penyedia persewaan tratag lan diesel biasa, kawit 43 tahun kepungkur Kaki Paing kue pernah ngalami sing jenenge "mlaku mbrangkang" nganti "mung mangan angin" anggone nglakoni urip.
Jaman gemiyen, Kaki Paing pernah urip neng Desa Bandingan Bawang, gaweane serabutan. sekang tukang mbecak nganti mulung neng ngendi ora. Hebate jebule duite hasil kerja sembarang kalir kue dikumpul-kumpulna nganti wonge nduwe warung makan dewek neng pasar mandiraja....hebat mbok....
Nah selawase wektu turahane nganti siki, Kaki-kaki sing madan Koplak kie nduwe persewaan mesin diesel, tratag, tenda lan sapanunggalane sing dibutuhna wong sing lagi nduwe gawe. Tapi senajyan akehe kaya kue bidang sing dicekel, Kaki Paing sing wonge andhap asor tapi saru kie lewing seneng angger di cap Tukang Diesel bae...jere angger terkenal karo tratag lan liya-liyane mbok dadi mateni rejekine batire.....(maen mbok jiwane ???)
salah siji mesin andalane Kaki Paing |
conto dekorane (conto liane neng ngisor) |
Jere ana jaminan kepuasan tur hargane bisa dimiring-miringna lho !!!
Moto uripe Kaki Paing sederhana bae "...lewih apik dadi wong sing bodo tapi kena di ndelaken nimbang dadi wong pinter sing babar blas ra teyeng dicekel cocote...."
Menawane ngemben pada butuh Tratag karo Diesel, hubungi bae wong saru siji kie.
Insyaallah dilayani seapik-apike.tapi aja kaget angger ketemu langsung.....soale wonge koplak, saru tur senenge guyon alias ra tau serius....
Nah kue kaose....Sepisan maning tek genahna alamate :
Pak Paing
Banjengan rt.03/03 Mandiraja
Telp. 085-291-053-957
nek ora ya bisa liwat nyonk bae : ngatmow 052-227-432-303
persiapan langsung dicek dewek lho.. |
7 komentar:
salut sama anda mas...tetap konsisten menjelajah banjarnegara untuk mengangkat semua potensi masyarakat.semoga dengan adanya blog semacam ini banjarnegara akan semakin dikenal luas.
walah aku kenal wong iki kang.pancen koplak pisan.malah nembe ngerti nek riwayate kaya kue.salut yakin
wingi nggoleti roko sejati nanggone enyong tapi lagi entek
melas
hahaha bahasane ngapak pisan iki blog ya.. salam kenal mas karo enyong blogger gentansari .. :)
@ DPPKAD : wah matur nuwun pak PNS mampir mriki pak.
@ ra ana jenenge : pancen iya pak...ana tokoh sing bisa diangkat maning ra pak ?
@ ipul : deneng ra mampir ya wonge neng nggone nyonk ?
@ indonesia : salam kenal balik mas bro....
mantap pokoke
Watek kaki paing kue wong koplak temenan. Aq wong bandingan ya ngerti bgt koro kue wong
Post a Comment