Pages

24.8.11

Pasar Murah Ramadhan Pemkab. Banjarnegara

Rock It! Jal tiliki alun-alun Banjarnegara gan....rame pisan sumpah. Nyonk be meh ngana arep dodolan dawet ayu koh.... :D

Dina kie Pemda Banjarnegara menggelar acara pasar murah kaeh. Judule  " PASAR MURAH RAMADHAN KAB. BANJARNEGARA" .

Acara sing dilaksanakaken tanggal 24 - 25 Agustus 2011 kiya tujuane seliyane menyambut Idul Fitri 1432 H , ya karo menyemarakkan HUT RI sing ping 66.
Nek sekang antusiasme warga, pasar murah sing nembe dibuka jam 8 kiye termasuk rame tur berhasil lho. Soale sing teka ambrungan ra patut.


Mas Didi (sing nggawa mix)


Oya dina pertama kiye, ana sing dadi pembawa acara lho. Mas Didi kaya ora ana kesele koh.sekang jam 8 tekan jam 10an kayane ra rampung-rampung anggone ngomong. Tapi gandeng pancen kue spesialisasine beliau ya pancen top markotop lah.
Neng pasar murah Banjarnegara tahun kiye, jumlah pedagange jere tambah akeh nimbang tahun wingi. sekang bakul cilok, bakul klambi, bakul sandal, bakul ceret wajan deesbe nganti bakul manuk emprit (khusus sing kiye nek ra percaya jal goleti neng sebelah pendopo kulon, sing adol mbak-mbak karo bocah cilik) ana kabeh neng sisihe bakul menyan hehe...bakul janganan maksude.

sekang kadoan

sekang cedekan
Kira-kira jam 10an wong Pemda Banjarnegara ya pada tilik meng proyeke kue. seliane sisan becer, khususe ibu-ibu pemda ya pada golet piranti badhan nggo putrane, sedulure, mbahe, tanggane.....akeh pisan. nah kebeneran Nyonk ana penangkapan sing bisa didaekna kuis.

Kuis :
Ana sing ngerti ibu-ibu neng gambar ngisor kiye ra (sing rambute dikepang ya) ? angger ana jajal nyonk diwei ngerti jenenge.Nek sing bener ana hadiah sekang mbah Googel.....

sing bathikan ya gan.....
Oya nyonk juga ana bonus geh :

aja komentar.....tergantung cara pandang lho !!!

2 comments:

  1. Anonymous7:15:00 AM

    mau nyong wis ngana kang.batirku malah kecopetan :hammer

    ReplyDelete
  2. ka melas temen ya...mulane nek perlu dompet dirante sisan hehe

    ReplyDelete