Pages

11.12.10

Indoleaks.org = Wikileaks versi Indonesia

Mau isuk ora sengaja browsing internet, eh nemu Indoleaks.org we.....

situs kiye kayane meh niru hebohe wikileaks sing mbukak rahasia2 negara.isine informasi sing berpeluang dadi "pembunuh naga" alias mbukak rahasiane pejabat, politisi n wong2 sing janjane marai rubes Indonesia. Indoleaks mengko-mengkone milihi dokumen sing kudune dingerteni publik, tapi siki diumpetna pihak2 sing berkepentingan sebab nggo wong kue marai AIB.

Neng Indoleaks.org, pengunjung bisa melu kontribusi menei informasi sing "rahasia". tapi ana syarate lho :

  1. Dokumen kudu ORISINIL, ora ana opini pengirim neng njerone.
  2. Indoleaks.org nulis sumber beritane ANONIM.
  3. Dokumen sing dipublikasikna kue dokumen sing nduwe kepentingane publik.
  4. Indoleaks.org ORA mbuka informasi sing kaitane karo rekening bank, medical record, n rahasia pribadi liane.
  5. Indoleaks.org ORA tanggung jawab karo penggunaan dokumen sing dipublikasikna.

jan jane nek maca situs kie madan miris lho, soale dewek dadi ngerti "ruwag"e bangsane dewek.muga-muga bae si anane situs kiye njur dadi mbukak informasi-informasi penting negara iki sing njur bisa mbukak wawasan kebangsaan wargane.

ya sesuai karo judule : INDOLEAKS.ORG -- Sebab informasi adalah hak asasi.


maturnuwun karo sumbere : divineperformance

No comments:

Post a Comment