Nyonk ana masalah !!!
kue sing tek temoni pas ketemu karo kang ngatmow pirang dina wingi....
jere duite ilang neng ATM (padahal bank swasta paling gede se-Indonesia lho !!!)
nah jere ilange kue mergane jukutan sekang ATM....(wis di check neng bukti pengambilan) padahal wong kae ra tau njukut duit lewat ATM kejaba winginane neng Semarang.
Jere bar dicek, ana pengambilan ATM liane sewise "bocahe" ngaggo ATM neng Matahari Mall Simpang Lima...njukute meh kabeh duit sing ana neng rekening.
Puyeng mbok ?
sewise ditelusur karo takon ngana-ngene, jebule siki memang ana sindikat kejahatan sing nanggo kertu "ajaib" sing mbukake rekeninge wong sing njukut neng ATM sedurunge.alias lewat recent data ATM kuwe.
mulane kanggo sedulur kabeh, madan ngati-ati siki nek nganggo ATM neng ngendi bae....aja nganti ko padha dadi korban kejahatan sing memanfaatkan kecanggihan teknologi kaya kiye.....
WASPADALAH.....
No comments:
Post a Comment