dawet ayu kue wedang sing seger banget asli khas Banjarnegara sing digawe sekang : Tepung Beras,Tepung Tapioka,banyu bening, banyu Pandan (Pandan + banyu diblender, peres). Santene digawe sekang Santan sedeng pandan, uyah, Syrup gula jawa. Pelengkape : cecek mateng, cincau, duren, apa liyane tergantung kepinginan.
Nyonk bangga banget karo sedulur blogger sing jenenge Tukang Poster sing gawe poster kiye soal dawet

trus sedulur nom sing gawe Band jenenge Dawet Ayu. sing duwe lambang

nyonk dadi bakul dawet rasane jan seneng banget, bangga, terharu, karo rika kabeh. jebule esih ana wong sing gelem kelingan karo nyonk...
lah wis lah aja digawa sedih, dodolan maning bae...
Oya nek pada kepingin nyripit, aja kewatir kang, mumpung lagi ana Kontes Blog 1 Tahun Hakimtea.com sing dianakaken mas Hakimtea,Mas Adi (sing nduweni duniasoer, Mas Deny (sekang Etamhost.com, sing nyediakaken web hosting murah), rika bakal tek wei gratis Dawet ayu gaweane nyonk...
eits....
aja salah kang, yu, nyonk ora pan ngenei rika nginum gratisan, tapi
NYAWANG gambar dawet ayu se-moh mohe. GRATIS ....
he he he

oya nek rika kepingin melu Kontes Blog 1 Tahun Hakimtea.com, carane gampang banget ge. sapa bae bisa melu. mung kon gawe review kontes neng blog, masang banner, karo nek bisa ya gawe artikel neng Ms. Word trus dikirim meng hakimtea@gmail.com
penjelasane sing jelas banget neng kene :
sapangerti mlebu kategori sing digoleti Jurine njur rika olih hadiahe.
kan rika bisa mborong dawet nggone nyong he he he

No comments:
Post a Comment